Jumat, 31 Mei 2013

Pidato Bahasa Jawa Terbaru Lengkap

Assalamu’alaikum Wr.wb.

Bapak-bapak saha ibu-ibu kaum muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati.

Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing masjid mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabi’ul Awal 1430 Hijriah utawi tanggal 9 Maret 2009 masehi. Kita saged makempal wonten ing masjid mriki, ingkang saperlu Maulid Nabi junjungan kita panjenenganipun  Nabi Agung Muhammad SAW.

Kula minangkaketua panitia penyelenggara pangetan Maulid Nabi Agung Muhammad SAW ing masjid mriki, ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ing masjid mriki.

Mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun mbiyantu ngringenaken pangetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken punapa-punapa kejawi matur nuwun sanget lan mugi-mugi amal panjenengan pikantuk lelintu saking Alloh SWT ingkang samurwatipun.

Wondene inti saking pangetan punika badhe dipun wedharaken Bp. Abdurrahim Yusuf saking Panjer.

Cekap sementen atur saking kula mbok bilih wonten pitutur kula kang mboten kersa ing panjenengan sedaya kula nyuwun agunging pangapunten. Mangga kita wiwiti pangetan punika kanthi maos basmalah:

                                            “Bismillahirrohmanirrohim”
            Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah, wasalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar